Melu Partai Lan Daftar Caleg

Kanthi nyebut asmaning Gusti Allah kang Maha Murah tur Welas Asih, aku mantep mlebu dadi anggota Partai Gerindra lan dhaftar dadi bakal calon legislatif Partai Gerindra. Aku daftar dadi bakal calon legislatif kanggo DPR RI saka daerah pemilihan Banten III (Kabupaten lan Kota Tangerang).

Nanging, nganti saiki aku durung entuk kabar ngenani nomer urut lan daerah pemilihanku sing ditentokake karo Partai Gerindra. Muga-muga aku entuk nomor urut lan dapil supaya bisa berjuang ana ing palagan pemilihan umum tahun ngarep. Amin.

Comments

Nggegirisi

Jan nggegirisi tenan. Ana santhet liwat sms lan sms setan. Edan tenan. Jebul jaman saya maju, ngelmu iblis yo melu maju.

santhet liwat sms sing ngandhakake Ki Gendheng Pamungkas. Iki mbokmanawa isa dipercaya. Dene sms setan, kuwi mung kabar ora bener akal eleke wong kurang gaweyan.

Comments

Bapak Seda

Dhek tanggal 29 April 2008, ngepasi aku budhal saka kantor lan numpak pit montor Bajaj Pulsarku sing kelire abang, henponku muni. Ana sing nelpun aku. Kadi biasane, aku ora tahu ngrewes tilpun mlebu yen aku agi numpak pit montor. Ribet le arep ngangkat tilpun sebab aku nganggo helm cakil lan kaos tangan. Nanging, nganti setengah jam kok sing tilpun ora mandheg-mandheg. Tak rasakake sing tilpun kaya kudu bisa sesambungan sakcepete. Mula, aku ya njur mandheg lan niliki sapa sing tilpun terus. Jebule ana loro, kangmasku lan sedulur prunanku. Aku gage nilpun kangmasku lan takon ana apa.  Masku ngabari yen bapak tilar donya dipundhut Gusti Allah.

Aku gage tilpun kanca kantor lan ngabari lelayu sisan njaluk tulung sopir kantor kon ngeterke mobil neng omahku arep dakgawa mangkat Sleman. Alhamdulillah, saka kantor nawani supaya sopire sisan ngeterke aku tekan Sleman. Jujur wae, tensiku pas dina kuwi 160/90. Ora pati sehat kanggo nyopir saka Tangerang tekan Sleman.

Dina Rebo 30 April 2008 bedhug kaping 11 aku tekan ngomah. Bapak durung disarekake. Rencanane bapak arep disarekake bedhug kaping loro awan.

Sugeng tindak, Pak, keluarga sampun ngikhlasaken panjenengan.

Comments

Sugeng Rawuh

Sugeng rawuh para tamu. Nyuwun ngapura dene aku ora nganggo boso kromo ing blog iki. Pancen, aku nyepakake blog iki kanggo nulis ing Boso Jowo. Blogku sing ditulis nganggo Boso Melayu wis pirang-pirang. Mulo kanggo melu ngramekake Blogdetik iki, aku nggawe blog anyar sing tak niyati kanthi banget arep taktulisi nganggo Boso Jowo.

Aku wedi nek mbesuk ing wayah mburi Boso Jowo diaku karo Malaysia sing gaweyane ngedom kreteg kae. Hayo, Sampeyan ngerti artine "ngedom kreteg" apa ora? Jang kebangeten tenan upama Sampeyan ora ngerti.

Aku durung isa medhar sabdha dawa-dawa. Iki wektuku cupet tur cendhak. Aku kudu ngudi menir ing tlatah sawang eh… ing dhuwur donya.

Monggo disakecakake dhisik. Muga-muga blog iki bisa diisi paling sithik seminggu pisan.

Comments (6)